BerandaPIYEJAL?ALKISAHLaiske! Open BO Lewat Aplikasi Ijo, Jebul sing Di-booking Adik Ipar Dewe.

Laiske! Open BO Lewat Aplikasi Ijo, Jebul sing Di-booking Adik Ipar Dewe.

SEMARANG – Dasar lanangan rak ceto. Yen wis kadung sange, utek lari menyang dhengkul. Iki kelakuan Yanto Wedus (32), warga Semarang sing kelakuané bener-bener gawe gonduk ati. Duwe bojo semlohay kaya Saropah (28) kok ya isih kurang. Alesané klasik, bosen lawuh tempe, pengen nyicip steak sanajan regane kaki lima.

Crita diwiwiti pas Yanto lagi gabut bengi-bengi. Tangané gatel otak-atik “Aplikasi Ijo” (MiChat). Ndilalah, ana akun cewek sing masang foto profil kinyis-kinyis, awak gitar Spanyol, nawakke jasa “Open BO” rega miring.

“Weh, rejeki anak soleh. Cuma 200 ewu wis iso ‘kuda-kudaan’ sak kemenge. Sikat, Ndes!” batine Yanto karo mesem-mesem dewe koyo wong edan.

Tanpa ba-bi-bu, Yanto langsung deal rego. Si cewek ngakon Yanto teko menyang salah siji hotel melati neng daerah Semarang Tengah. Yanto sing wis kebayang bakal olahraga malem langsung tancap gas, ra lali nggawe minyak wangi sing akeh ben prengus wedus-e ilang.


Tekan hotel, jantung Yanto deg-degan. Dheweke notok pintu kamar nomer 303. “Tok.. tok.. tok.. Paket…”

Pintu mbukak. Mak greeeng! Yanto langsung njenggirat kaget koyo kesamber bledeg. Sing mbukak pintu jebul Minul (20), adhik ipare dhewe sing pancen ayu lan sering dolan neng omah.

“Lho, Mas Yanto? Sampeyan ngopo neng kene?” Minul melongo. “Lha… anu… Dek Minul? Kowe sing neng aplikasi?” Yanto gagap, kringet adem segede jagung mulai neter.

Durung sempet Yanto golek alesan, dumadakan saka mburi Minul, muncul sosok sing luwih medeni timbang debt collector.

“HEH BAJINGAN! OOO… DADI NGONO KELAKUANMU?!”

Saropah mucul karo mripat melotot, tangan tengen wis nyekel helm full face. Jebul, Saropah wis curiga karo tingkah Minul lan Yanto, terus ngetutke utawa emang wis kerjasama jebak bojone sing mata keranjang kuwi.

“Mampus aku, Bojo Galak is in the house,” batin Yanto.


PLAK! BUGH! Tanpa kakehan cangkem, helm Saropah mendarat mulus neng gundule Yanto.

“Ampun, Yang! Aku khilaf! Aku mung arep ngecek tok!” Yanto mbengok-mbengok njaluk tulung. “Ngecek ndasmu kuwi! 200 ewu arep ngerusak adhik ipar dewe? Lanangan ra nduwe utek! Mulih kowe, tak gantung neng wit pelem!” omel Saropah karo terus ngajar bojone.

Minul mung iso pringas-pringis neng pojokan, antara kaget lan pengen ngguyu ndelok kakak ipare digebuki bojone dhewe neng lorong hotel. Pungkasane, Yanto digeret mulih karo kuping dijewere Saropah. Rencana enak-enak malah dadi benjut-benjut.

Warga sekitar hotel sing krungu rame-rame mung iso geleng-geleng sirah. “Oalah To, To… Duwit 200 ewu mbok yo nggo tuku lumpia sak kranjang, malah nggo golek perkara.” (ndes)

RELATED ARTICLES
- Advertisment -spot_img

Most Popular